Sunday, January 19, 2020

SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI


     Ing wulangan iki pupuh kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng utawa diarahke.

•  Maca, nanggapi lan nitik guru gatra,guru lagu, lan guru wilangan teks serat wedhatamapupuh kinanthi.

Kinanthi

Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-panduking pambudi
Mbengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami.

Pupuh kinanthi ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait).

1.) Guru gatra saben sapadane tembang kinanthi ana 6 gatra utawa larik.

2.) Guru lagune tembang kinanthi yaiku:u,i,a,i,a,i

3.) Guru wilangane tembang kinanthi yaiku:8,8,8,8,8,8

Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi, biasane ditulis: 8u,8i,8a,8i,8a,8i.

•  Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh kinanthi.
   
        Kaya kang duandharake ing dhuwur, tembang kinanthi iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra. Gatra-gatra sajrone pupuh kinanthi kabeh ana aturane. Aturan iku gegayutan karo guru gatra,guru wilangan, lan guru lagu.

•  Ngarang cakepan tembang kinanthi.
 
       Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra,guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang kinanthi, wiwitana kanthi gawe ukara bebas, ukara bebas mau benjur dicocogke guru gatrane,guru wilangane,lan guru lagune. Carane nyocogke bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahi papane tembung. Cara-cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasa nama, tembung saroja, lan sapanunggalane.

(Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA)

CRITA RAKYAT

Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapituture. Crita rayat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah.

• Crita rakyat nduwe unsur-unsur pembangunan:

1.) Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.

2.) Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.

3.) Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.

4.) Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita.

5.) Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu.

6.) Amanat, yaiku pesen kang diaturake dening penganggit marang wong kang maca.

• Titikane crita rakyat

1.) Panyebarane kanthi lesan,

2.) Duweni sifat tradhisional,

3.) Sugih carkik lan variasi,

4.) Jeneng pangriptane ora konangan,

5.) Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.


• Mupangate crita rakyat

1.) Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.

2.) Mupangat dedikatif, yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.

3.) Mupangat estesis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.

4.) Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.

5.) Mupangat religiusitas, yaiku ngemu sajroning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.

• Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku :

1.) Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.

2.) Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.

3.) Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.



Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

PAWARTA

Pawarta ing jaman iki dadi kebutuhan kang ora bisa diendhahake dening bebrayan. Pawarta kui kabar kang disebarke supaya dingerteni dening wong liyo utawa wong akeh. Pawarta kang nggunakake media cethak umpamane ariwati utawa koran,kalawati utawa majalah,buletin lan sapanunggale.
  • Cara Maca Pawarta :
1.     Nggatekake aksara vokal pinapa konsonan.
2.     Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara.
3.     Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4.     Padhelengen netra sesaged tajem mawas prabawa,kanthi pandulu jejeg.
5.     Sikap maos kaudia ingkang santun miwah leres.
  • Tujuan,5W+1H :
1.     What (apa),ateges masalah utawa bab kang didadekake pawarta.
2.     When (kapan),ateges wektu prastawa kadadean.
3.     Where (ing ngendi),ateges papan panggonan kadadean prastawa.
4.     Who (sapa),ateges paraga kang nindakake prastawa mau.
5.     Why (kenangapa),ateges sebab e prastawa kadadean mau.
6.     How (kepriye),ateges proses kadadean prastawa.
  • Perangane Pawarta (Struktur) :
1.     Irah-irahan Pawarta utawa Judul Berita :
-      Nggambarake isine pawarta.
-      Kudu bisa ndudut kawigaten (manfaat).
2.     Alinea Pembuka :
-      Kudu bisa ndudut kawigaten pawaca.
-      Menehi informasi kang penting ing pawarta.
-      Bisa nggawe pawaca mlebu ing perangan isi pawarta.

3.     Awak Pawarta :
-      Ana 5W+1H Apa,Sapa,Ing ngendi,Dhek kapan,Genea,Kepriye.
4.     Penutup Pawarta :
-      Ringkasan pawarta.
-      Dudutan soko awak pawarta.
-      Ngarahake pawaca ing perkara kang ora dikiro-kiro.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Thursday, January 16, 2020

SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA


Serat tripama iku anggitane Sri Mangkunegara IV kanjeng Gusti pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangku-negara IV.
Tembung serat tegese tulisan Utawa karya, tripama tegese tiga tamsil Utawa tiga teladan.
Serat tripama nyaritakake watake :


1. Kumbakarna, raseksa awatak satria sing 
    Ora gelem mbela kang Mase, Dasamuka, 
    Raja Ngalengka sing Angkara murka.
    Kumbakarna netepi 'tekad satria' 
    Ngurbanake jiwa raga kanggo mbela 
    Negara-negara sing di serang mungsuh.

2. Bambang Sumantri Utawa Patih 
    Suwanda ing negara Maespati sing
    kondang kakendelane lan bisa
    ngampugake jejibahan sing about kanthi
    tanggung jawab.

3. Suryaputera Utawa karna ing Ngawangga
    sing netepi janji kanthi sumpah satria
    kanggo mbales Budi prabu kurupati, raja
    ing Astina kanthi ngurbanake jiwa
    mungkin Arjuna, adhine nunggul ibu.

Watake arupa ing tembang macapat kang ajupuk saka crita paweyangan Ramayana lan Mahabharata.

A.  Maca lan lan nanggepi teks serat tripama Pupuh dhandhanggula lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan


Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anuladha,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lalabuhanipun,
Kang ginelung tri tri prakara,
Guna kaya purin ingkang denantepi,
Nuhoni trah utama.


 ✓ serat dhandhanggula ing tripama
     cacahe Ono 17 bait .

 ✓ Guru Gatra yaiku wewaton cacahe larik
     Saben Sapada. Guru gatrane saben
     Sapada tembang Dhandhanggula ana 10.

✓ Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge
    swara Utawa sukon-wulone swara saben
    Pungkasane Gatra. Guru lagune tembang
    Dhandhanggula yaiku i,a,e,u,ia,u,a,i,a.

✓ Guru wilangan yaiku wewaton cacahe
    Wanda (suku kata) saben sagatra (larik).
    Dadi guru wilanganne tembang
    Dhandhanggula yaiku 10,10,8,7,9,7,6,8,12
    7,

✓ Guru wilangan lan guru lagune biasane
    Ditulis : 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a.

B. Nemokake tuntunan ing serat tripama Pupuh dhandhanggula lan njubuhake Karo kahanane bebrayan.

    Pada iku mung salah siji kang Sako 7 pada ing Pupuh Dhandhanggula serat tripama.saka pada kang wus dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa di temmokake tuntunan ing Urip, upamane :

✓ prajurit muladhani Patih Suwanda.

✓ watak sing kudu diduweni prajurit yaiku
    Pinter, wani, lan supaya Utawa (apik).

C. Mbedhah perangane serat tripama Pupuh Dhandhanggula

    Kaya kang diandharake ing nduwur, tembang Dhandhanggula iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru Gatra cacahe sepuluh Gatra. Gatra deposan, Gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane.


Sumber :
 Gegaran nyinau basa Jawa 3 KELAS XII SMA/SMK/Ma

PRANATACARA




    MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing diwnggo pranatacara gumantung karo upacarane. 



Pranatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.

  • A. Maca lan Nanggapi Teks Pranatacara
          Gatekna pethilan teks pranatacara ing ngisor iki!

Assalamualaikum Wr.Wb
          
          Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkakng pantes pinundhi.

          Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.


          Caos uniga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul pra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sri Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun kelaksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten Selasa, 29 Maret 2019 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.

          Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rirancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih : 
  1. Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana;
  2. Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten;
  3. Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa
  4. Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten;
  5. Adicara ingkang angka gangsal sabdatama
  6. Wondene pratandha purnaning pahargyan saking kulawarga mingangka peran para.\
          Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kaliyan urut reroncening tata upacara ingkakng ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana.
          Jengkaripun temanten sarimbit saking sasana busana....

  • B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara
          Isi teks pranatacara ing ndhuwur, yaiku:
  1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul
  2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan Kalamullah, atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.
  • C. Mbedhah Kaidah Pranatacara
          Urut-urutane teks pranatacara:
  1. Salam pambuka;
  2. Atur pamuji;
  3. Atur kasugengan, karing atur panuwun;
  4. Wedharing gati;
  5. Atur nyuwun pangapura;
  6. Panutup;
  7. Salam Panutup.
  • D. Maca Teks Pranatacara
          Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Pangucapane kang trep
  2. Pamedhote ukara kang trep
  3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
  4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
  5. Swara kang cetha
  6. Ngatur alon lan cepete pamaca
  7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
  8. Mahami wacan
  9. Pracaya marang dhiri pribadi


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1